Sabtu, 29 Desember 2012

Wawansabda ten Basa Jawa Ngoko-Krama/ Wawancara di dalam bahasa Jawa Ngoko dan Bahasa Jawa Krama/Interviews in the Java language Ngoko and Java Language Krama FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Wawansabda ten Basa Jawa Ngoko-Krama/ Wawancara di dalam bahasa Jawa Ngoko dan Bahasa Jawa Krama

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

A) Nindakake Wawansabda. Manawa kita ndeleng televise utawa ngrungokake radio asring kita prangguli ing sawijining acara kang nayangake Wawansabda/ wawancara. Ing Wawansabda (wawancara) kasebut ana narasumber minangka pawongan kang nduweni kaluwihan ing babagan tertamtu, jumbuh karo tema kang diangkat ing acara kasebut. Lan uga ana pawongan kang duwe jejibahan nakokake ngenani aapa bae kang ana gegayutane karo tema kang diangkat. Sadurunge nganakake Wawansabda (wawancara) luwih dhisik nyiapake pitakon kang ana gegayutane karo tema lan keahliane narasumber. Pitakonan kasebut kudu runtut, supaya wongkang ndeleng utawa ngrungokake bisaa mangerteni alur lan surasane Wawansabda (wawancara). Saliyane iku babagan kang perlu digatekake ing wawansabda yaiku apa kang bakal dirembug, sapa sing diajak lan sing diajak wawan rembug, tujuane Wawansabda (wawancara), lan asil kang dikaarepake ing Wawansabda (wawancara) kasebut. Tata urutane Wawansabda (wawancara) yaiku:

1) nemtokake narasumber kang nduweni keahlian utawi kaluwihan ngenani tema kang diangkat,

2) temtokna tujuan Wawansabda (wawancara),

3) nyuwun pitakon kang runtut salaras karo tema,

4) nindakake Wawansabda (wawancara) kang migatekake unggah-ungguhing basa. Sadurunge nindakake Wawansabda (wawancara) mula antarane narasumber lan pawongan kang ngajokake pitakon kudu ana kasepakatan wektu lan papan kanggo Wawansabda (wawancara),

5) nyathet utawa ngrekam asil Wawansabda (wawancara),

6) gawe palapuran ngenani asil Wawansabda (wawancara).

B) Ungguh Wawansabda (wawancara) lan panganggone ragam basa Jawa.

1) unggah-ungguh wawan rembug, yaiku:

Ø  Sakdurunge Wawansabda (wawancara) kudu nemtokake wektu lan papaan kang disepakaati dening narasumber.

Ø  Wawansabda (wawancara) diwiwiti kanthi salam,

Ø  Pitakon kudu sp[am, aja nyinggung perasaane narasumber,

Ø  Wawansabda (wawancara) ditutup kanthi ngaturake atur panuwun lan uluk salam.

2) ragam basa Jawa

a) Basa ngoko lugu lan ngoko andhap. Basa ngoko andhap pancen beda banget karo ngoko lugu. Ing basa ngoko lugu kabeh tetembung ngoko. Dadi yen ditrape kanggo omongan, antarane sing ngajak guneman lan sing diajak guneman drajade dianggep padha, saengga ora ana sing diajeni. Anggone ngajeni mung sawetara bae. Dene basa ngoko andhap pangrakite tetembungan nganggo basa bgoko kang kecampuran karma inggil iki gunane kanggo ngajeni tumrap wong sing diajak guneman. Wong sing ngajak guneman nganggep yen wong sing diajak guneman drajade anggone ngajeni luwih dhuwur. Panggonane basa ngoko nandhakake yen sesrawungan raket banget. Rumakate sesrawungan isih didhasari rasa ngajeni. Sesrawungan sing kaya mangkene iki diajab bisa ditrapake ing bebrayan (masyarakat) Jawa ing jaman saiki. Tuladhane yaiku:

NGOKO LUGU
NGOKO ANDHAP
Bapak lagi maca Koran.
Bapak lagi maos Koran.
Bapak mulih saka kantor jam loro awan
Bapak kondur saka kantor jam loro awan.
Anake Pak Lurah saiki kuliah ing Jerman.
Putrane Pak Lurah saiki kuliah ing Jerman.
Sing diombe bapak mung teh.
Sing diunjuk bapak mung teh.
Pak Sudaryanto loro stroke, mulane tangan lan sikile kiwa tengen ora bisa diobahake.
Pak Sudaryanto gerah stroke, mula asta lan ampeyane kiwa tengen ora bisa diobahake.

Saka tuladha mau, jebul ora kabeh tembung digawe krama inggil, utawa sing digawe krama inggil iku mung tembung tartamtu. Tembung dikramakake inggil iku tembung kang magepokan karo:

1) solah bawa (aktivitas) kang awujud tembung kriya.

2) deduwekan (apa sing diduweni wong).

3) ater-ater lan panambang /e/,/ne/sing magepokan karo deduwekan ora perlu dikrama inggilake.

b) Basa Krama lugu. Basa kramaa lugu yaiku basa kang tembunge kabeh nggunakake basa krama ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Panggonane ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni kurang alus marang wong sing diajak guneman. Dhasar wewatone krama lugu:

1)  tembung sing ana kramane diganti krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko. Tuladhane:

Ø  Basa ngoko         : aku arep tuku who-wohan, kayata: pelem, nanas, gedhang, lan anggur.

Ø  Basa krama lugu: Kula badhe tumbas who-wohan kadosta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur.

2) tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama tetep dikramakake. Tuladhane:

Ø  Basa ngoko         : kowe apa wis weuh omahku, saiki bojoku wis mulih.

Ø  Basa krama lugu; sampeyan menapa sampun sumerep griya kula, saamenika semah kula sampun wangsul.

3) tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan lan barang sing ana kramane tetep dikramakake. Tuladha:

Ø  Basa ngoko         :wedhusku nganti saiki isih lara durung bisa mlaku.

Ø  Basa krama lugu: menda kula samenika taksih sakit dereng saged mlampah.

c) Basa krama alus yaiku tetembungan ing basa krama alus migunakake tembung krama alus kabeh tumprape wong kang diajak omong. Basa krama alus digunakake wong umure enom marang wong kang luwih tuwa. Dhasar wewatone basa krama alus:

1) tembung ngoko sing ana krama aluse diganti nganggo tembung krama alus sing mung ana krama lugune diganti tembung krama lugu dene sing ngoko tetep tembung ngoko wae. Tuladhane:

Ø  Basa ngoko         : calon bojone Pak Tarji tuku gedhang, pelem, karo apel.

Ø  Basa krama alus                : calon garwanipun Pak Tarji mundhut pisang, pelem kaliyan apel.

2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama alus ora dienggo, sing dienggo tembung krama lugu yen ora ana tembunge krama lugu sing dienggo tembunge ngoko. Tuladha:

Ø  Ngoko   : nalika anake Bu Lurah lara, anakku durung mulih.

Ø  Krama alus          : nalika putranipun Bu Lurah gerah, yoga kula dereng wangsul.

3) Tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan lan barang, tembung krama aluse ora dienggo sing dienggo tembung krama lugu, yen ora ana tembunge krama lugune, sing dienggo tembung ngoko. Tuladhane:

Ø  Ngoko   : pak Broto pikirane rada khawatir, sapine sing lara ora gelem mangan karo ngombe, tandurane pari akeh sing rusak.

Ø  Krama alus          : pak Brata manahipun radi kuwaos, lembunipun ingkang sakit boten purun nedha kailyan nginum, tanemanipun pantun katha ingkang rusak.

4) ngamakake ater-ater lan panambang.

Contone Wawansabda (wawancara) ten Basa Jawa (di dalam bahasa Jawa)

Wawansabda (wawancara) pengrajin Reog Ponorogo ten Ponorogo

Budi                       : Sugeng enjing, Pak.

Pak Sudarmanto: Iya, le, laky a padha slamet ta?

Budi                       ; pangestunipun wilujeng, sakunduripun?

Pak Sudarmanto: oleh pandongamu slamet. Ana perlu apa Le?

Budi                       ; nuwun pangapunten, sowan kula sepisan silaturahmi kaliyan Bapak, kaping kalihipun kula kepingin nyumerepi usahanipun Bapak.

Pak Sudarmanto: iya, le, apa sing bisa dakbantu?

Budi                       : wiwit kala punapa Bapak dados pengrajin reog?

Pak Sudarmanto: wiwit 1978.

Budi                       : wah sampun dangu nggih Pak? Lajeng bahanipun saking pundi pak?

Pak Sudarmanto: lha Manawa iku wujude mung kayu kanggo kendhang utawa penthul aku mung  golek saka sakiwa tengene kene wae nanging yen lar merak, aku golek tekan Surayabay malah terkadang tekan Jakarta.

Budi                       : menawi kendhang, reyog sarta piranti sanesipun punika punapa panjenengan piyambak ingkang ngasta?

Pak Sudarmanto: Ora Le, aku direwangi dening wong enom ing sakiwa tengenku kene kang duwe kawasisan gawe gamelan lan reog.

Budi                       : salajengipun anggenipun nyade dhateng pundi kemawon?

Pak Sudarmanto: yen iku awujud reog, aku nggawe yen mung ana pesenan. Ananging Manawa wujude reyog cilik kang biasane kanggo taliasih, lan perangan reog liyane kayata: penthulan, jaran kepang lan liyane ing ngaarep omah ingkang papane dadi siji karo papan produksi.

Budi                       : punapa wonten pepalang ing salebetipun dados pengrajin reog Pak?

Pak Sudarmanto: ya mesthi ana. Utamane babagan bahan reog sing wujude lar merak. Ing jaman saiki angel banget golek merak.

Budi                       : lajeng punapa ingkang dipunkersakaken?

Pak Sudarmanto: dak jaluk ana wong kang peduli marang reog kang bisa nyediakake lar merak kanthi cara ternak manuk merak.

Budi                       : matur suwun, Pak sedaya informasinipun. Kula kinten sampun cekap nyuwun pamit.

Pak Sudarmanto: ya le, padha-padha. Ati-ati ing dalan.

Budi                       ; inggih pak.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar